irin vs ajie wONG MATI
Critane esuk kue tanggane irin ana sing mati.
Terus irin lapor maring wong sing biasa
ngurusi mayit, sebut bae arane Ustadz ajie.
Rika percaya ora angger ajie dadi Ustadz?
Percaya bae wis eben cepet. Hahahaa..
irin : "Pak Ustadz tanggane nyong ana sing
mati. Tulung bantu ngurus ngurus ya.."
ajie: "Aduh, maap rin nyong be kiye lagi
dikongkon ngurus ngurus wong mati neng desa
sebelah"
irin : "Pibe yaa...nyonge keder, masalae
saumah dewekan, jenazahe laka sing
ngurus" (kemringet)
ajie: "Nyong juga wis dipeseni sih rin. pibe?
Ora penak ohh.." (karo kukur kukur silit)
irin : "Ya diwarai cara carane ngurus wong
mati bae wis Tadz"
ajie : "Ya kena wis rin. Pertama dadusi.."
irin : "Dadusi nganggo apa?"
ajie : "Banyu oh rin.."
irin: "Banyu apa Tadz?"
ajie : "Banyu sumur. Masa banyu got!
Hahaha..
irin: "Hahahasyem.. sampeyan ngejak
guyon?"
ajie: "Ora ora rin. Bar pragat dadusi terus
dibungkus.."
irin : "Bungkus nganggo apa?"
ajie: "Godong gedang! Ya Lawon oh soplak! Bar
kue taleni dipocongi"
irin : "Taleni nganggo apa?"
ajie: "Tali sepatu! Hahaha.. Angger wis pragat
di Sholati"
irin : "Pirang Roka'at Tadz?"
ajie : "23..Somplak! Ya 4 Takbir oh.."
irin: "Hahaha sing bener bae, senengane lah
ngledek rika"
ajie: "Lah koene be takon takon terus! Bar di
Sholati terus di gotong"
irin : "Gotong maring ndi?"
ajie : "WARTEG!! Ya maring kuburan oh
somplak! Angger wis anjog kuburan dipendem"
irin : "Hahaha.. pendem atik apa Pak
Ustadz?"
ajie: "Semen karo watu bata terus gawe umah
sisan!! Pendem ya nganggo lemah oh.. Bocah ka
ora wareg wareg sih nyrocos bae!
irin: "Hehehe Sabar Tadz sabar.."
ajie: "Nyong tah sabaran rin! (padahal tah
atine mangkel) Sawise dipendem di doani. Wis
kaya kue bae
irin : "Doane apa Tadz?"
ajie: "Doa pan mangan!! Terus sekalian wong
matine dejak mangan bareng!! Nyong jengkel tah
ora rin, dugal ya belih.."
irin: "Hehehe Sabar Tadz sabar.."
ajie : "Sabar sabaarr.. Wis kaya kue carane,
nyong tak mana ndisit" (mlaku karo mbis mbis)
irin : "Hehehe ya ya makasih Tadz" (karo
mlayu terus mlorodna sarunge ajie)
ajie: "Asseeemmm koen
Tidak ada komentar:
Posting Komentar