aries sidik karo manyun
OLIH NGINEP
Critane malem minggu udan
gede nemen. Pas kue aries lagi apel neng umae manyun..manyun : "Udane
ora kesel kesel ya mas? Awit bar
maghrib nganti saprene ora leren leren" (manyun
ngromnyah dewek)
Jam neng hapene aries wis jam 23:35 tapi laka
tanda tanda udane bakalan leren/terang..
aries : "Emange nangapa ynk?" (aries takon
maring manyun)
manyun: "Angger udane ora leren mengko mas
idik balike pimen?"
aries: "Iya yah. Padahal nyong wis pengin balik
nemen kie. Neng njaba peteng dengdet, angine
gembrobot, akeh bledeg pisan. Wis udan, becek,
laka softek.!!"
manyun : "Lambemu mas..!!" (karo njiwit lambene
aries)
aries : "Bisane nyong ora ditawani nginep bae
ynk?"
manyun : "Pengine sih nawani, tapi wedi mbokan
mas idik ora gelem"
aries : "Laahh koen tah kaya kue..? Ditawani
toli..Mesti nyong gelem lamon regane pas.
Muehehehee.." (cengar cengir kaya wedhus
boneng)
Ujug ujug mamane manyun sing arane Wajem
marani trus langsung ngomong maring aries.
Wajem : "Mbesuk maning angger pan ngapel
nggawa jam tangan ya tong, dadine emut waktu
oh.."
manyun : "Ihh mama, apa sih ma? Mas idik ya
wis pengin balik awit mau, tapi neng njaba udane
esih gede nemen" (manyun mbelani aries)
Krungu manyun mbelani, aries ngrasa terharu
nganti meneteskan air mata aries : "Nggih
leres bu, yen mboten jaweh nggih kulo mpun
wangsul. Mboten eco mpun ndalu teng ngriki"
manyun : "Iya ma, trus neng njaba akeh bledeg
ana apa, mengko mas idik kesamber bledeg
terus brubah dadi ganteng pimen?"
Mamane : "HAHAHAHAHA.." (wajem gemuyu
ngakak nganti kepentut pentut)
manyun: "Iiiihh...Mama ora idep isin izz, ana
calon mantu ya gemuyune kaya wong edan,
ngentut maning..!!" (manyun menging wajem)
Wajem : "Tapi ibu kagum maring dek aries
udan udan tetep ngapeli anake ibu. Nginep bae
wis ya! Gelem ora?" (karo mbenerna benting sing
logro)
aries : "Hah Bu.! Serius? Miapah?" (aries
senengen)
Wajem : "Iya serius. Dek aries turune neng
Mbale ya! Tapi maap laka kemule.."
aries : "Wuah makasih bu makasih, angger
mung laka kemule tah ora masalah bu" (aries
jingkrakan karo njiwiti pipine wajem)
Mamane : "Ya wis. Kie wis bengi manah pada
turu. Sedurunge turu..pada mangan ndisit manah!
Kae neng mburi ana Indomie rasa ayam bawang."
aries ora langsung memburi mangan Indomie,
tapi aries malah mlayu metu maring njaba,
mbuh pan apa. manyun karo Wajem mung mlongo
heran..
Wajem : "Primen sih pacare koen nyun? Gony
mangan malah mlencing"
Ora let sue aries balik maning..
Wajem : "Dek aries kas sing ndi? Daning
klambine teles gebes kaya kue..?"
arie : "kie buu..nyong miki kas balik ngumah
kas njukut silimut bu..!"
manyun karo Wajem meneng sedelat, terus
ngomong bareng..
manyun & Wajem : "Daning Ambene ora digawa
sisan..!!"
arie : "hehehehehee.." (pringas pringis karo
kukur kukur silit)
Tidak ada komentar:
Posting Komentar